Dening Hamdan Syaugi (*)
Sahabat Kang Becik
Pas mulih sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Inda, sing wes gak melbu sekolah ana seminggu. Jare kanca-kancaku si Inda iku lara tipes, terus aku duwe idhe urunan gawe gawakne roti lan buah-buahan sing disenengi Inda. Aku lan kancaku liyane numpak sepedah bareng mergane omae Inda uga gak adoh saka sekolahan.
Ndilalahe, pas nek tengah dalan, ora sengaja ban sepedhahku kenek paku. “Do, pedahku kok krasa aneh ya lek ditumpak i”, aku muni nek Dodo !! “Lha emange konopo?” jawabe Dodo. “Sik jajal mandheg tak deloke dhisik”, balesku. Terus aku karo Dodo jajal mandek gawe ndelok pedhahku satemene kenek apa, Sementara kanca-kancaku liyane budhal dhisik gak enek sing weruh. Mbasan didelok, tibake pedhahku kenek paku lan bane gembos ora bisa ditumpaki.
Akire aku dikancani Dodo nuntun pedhah nggoleki tukang tambal ban. Amerga posisi pas kui tibake ora ana tukang tambal ban, aku duwe rencana nitipke sepedhahku ing omae salah siji warga cedhak kono. Terus aku digonceng Dodo nyusul kancaku sing wis padha budhal dhisik menyang omahe Andi.
Aku matur suwun banget karo Dodo, amerga Dodo salah sijine sahabatku kang becik atine. Dodo gelem mbantu kancane pas lagi kesusahan. Sawise kedadean kuwi aku maleh akeh sinau artine persahabatan (*)